WONG WEDOK PALING AKE NGENGGONI NEROKO
(wong wong wedok iku paling ake manggon ing neroko timbang ing surgo)
Di critakno saking ibnu abbas r.a.,dewe’i dawuh saktemeni Kanjeng Rosul SAW ngendiko,”Aku tau di keto’i surgo.Aku ketok paling ake penghuni surgo iku wong wong fakis miskin.terus Aku ugo di keto’i neroko ing kono Aku ketok yen paling ake penghuni neroko iku wong wedok.”
Ndek hadist liyani sing di ceritakno karo Abu Hurairoh r.a,dewe’I dawuh,Kanjeng Rosul ngendiko,”Aku di keto’I neroko lan penghunine paling ake wong wedok,terus Aku ugo di keto’I surgo lan penghunine paling ake wong fakir miskin.”(HR Ahmad)
Ono ing hadist shohih di ceritakno saktemeni Kang Rosul SAW ngendiko,”He wong wong wedok awakmu ngakeh-ngakehno sodakoh lan moco istigfar sebab Aku ketok yen wong wadon iku sing paling akeh ngenggoni neroko.
Krungu masalah sing koyok ngono iku salah sijine wong-wong wedok iku matur”nopo salah nipung tiyang tiyang estri Kanjeng Rosul hinggo nyebabaken kito dados penghuni paling kata wonten neroko?”.piyamba’ipun ngendiko”yo iku wong wedok sing ngarani wong liyo(bojone)ngelekoni zina lan ora ngelayani bojoni kanti apik.temenan Aku ora ketok kurange akal pikiran lan agomo sing ngungkuli wong wadon,”
Wong wedok iku takon mane,”wahai Kanjeng Rosul,nopo sing dimaksuk kalian kurangi akal pikiran lan agomo?, piyamba’ipun lajeng ngendiko “kurange akal pikirane wong wadon ing antarene :wong wadon loro sing dadi saksi iku podo karo siji wong lanang ngenen iki sing di arani kurange akal pikirane wong wadon,yen kang di maksud kurangi agomo yo iku wong wadon iku jarang ngelakoni solat lan poso


Tidak ada komentar:
Posting Komentar